Friday, October 13, 2006

Geguritan Suwung

tan ono beber tanpa ringgit sewengi
saumpama ki dalang kesupen suluk pepuji
o candra sangkolo kang ka-antu pujangga
lumampah ijen,
kaya lintang panjer sore pijer nyuwita
marang sonya-ruri.

sopo to jalma kang njajah desa milang kori
datan pengageman pinasti,
ono randu tanda pungkasan bulak telu,
ono perigi tetenger sucining banyu kali,
ono geguritan mbukak lawang sedaya ilmu kahanan,

nalika mbun enjing ngancik godong waru,
sedaya pitakenan ngrembaka ing suwung.

2003

0 Comments:

Post a Comment

<< Home